Jumat, 05 Agustus 2011

ANCANGAN  WIGATI

A. PANGERTOSAN PANATACARA MIWAH PAMEDHARSABDA
    
     Panatacara inggih puniko paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara,menggah bakuning ayahanipun anggih punika nglantaraken lampah cak-caking acara utawi sampun rinamtam.

     Pamedharsabda inggih puniko paraga ingkang nindaaken ayahan medharsabda,dene medharsabda meniko medharaken utawi mahyaaken utawi ngandharaken utawi njlentrehaken sabda utawi suraos utawi isi utawi kawigatosan dumatheng sesami

B. ANCANGAN WIGATI KAGEM PARAGA PANATACARA MIWAH PAMEDHARSABDA

     Amrih panatacara dalasan pamedharsabda saget nindaaken  ayahanipun kanthi sahe,prayogi angugemi sekawan perkawis :

1. MAGAYUDTAN KALIAN AYAHANIPUN

    a. kedah jumbuh kalian ayahanipun
    wijiling pangandikan paraga panatacara saha pamedharsabda kedah jumbuh kalian ayhanipun utwi mboten nasilir saking ayahanipun. Thuladhanipun bilih panjenengan kapiji pinangka panatacara jejibahan panjenengan dhereaken lampahing adicara wiwit purwa,madya dumi\gi wasana. Namung bilih panjenengan kapiji pinangko paraga pambagyaharjo,panjenengan cekap nhereaken pangandikan pinangko badan wakil ingkang amengku karsa,mboten peril mejang dhumateng temanten lan sak panunggalanipun.

b. Kedah jumbuh kalian paugeraning basal an sastra
    Whedaring wicara dipun budidaya leres nut pranataning basal an sastra. Tembung-tembung ingkang nasilir saking paugeraning basal an sastra prayogi mboten dipun agem.

c. Jumbuh kalian nalar
    Isining whedaran kedah nyakup perangan purwakan,wigati lan panutup kanthi jangkep. Pramilo sakderengipun maraga kaprayogaaken damel rerancangan langkung rumiyen.

d. Jumbuh kalian swasono
    Whedaring pangandikan kedah angengeti swasana,umpamunipun sinten ingkang rawuh, wonten swasana dhukita punapa gumbira lan sapanunggalanipun.




2. MAGAYUTAN PATRAPING SARIRO

Patraping sariro kaudi amrih sembodo,susila lan prasaja.

a. wiwit tindak tumuju ing papan medharsabda, lumampah kanthi prasaja,mantep mboten keseso. Dumugi sakngajengipun paratamu ngaturaken sungkem kalbu,kinarya atur pakurmatan dhumateng para tamu.

b. Dumugi sakngajengipun mic, mboten keseso ngendiko. Penggalih dipun tentremaken kalian mersani sedaya tamu kanthi warata.

c. Rikala ngendiko/medharsabda

1} Polatan tansah sumeh
2} Asta ngapurancang  gejawi dipun betahaken
3} Jumeneng kanthi jejeg mboten kaku mboten loyo
4} Pandulu tumuju dhumateng tamu, mboten mirsani manginggil utwi mangandap
5} Mboten wira-wiri [ prayogi wonten paraga pambiyantu kagem sesambetan kalian paraga sanes ]
6} Nilaraken pakulinan ingkang kirang prayogi,kadosta ngolat ulet kabel mic,asta kabondo,asta mlebet sak, cagak mic terus dipun cepengi lan sakpanunggalanipun
7} Mboten sinambi ngrokok lan gegujengan

d. Sak lebetipun maraga,maliginipun panata cara,prayogi mboten dahar,Ngunjuk sakwetawis mawon supados tenggorokan mboten salit.cekakipun sampon ngantos ketinggal sanget.

e. Rikala pinuju lenggah,sikepipun tetep susila,mboten leyeh-leyeh,suku mboten jegang lan sakpanunggalanipun.

3. MAGAYUTAN PATRAPING BUSANA

    Patraping busana kedah kajumbuhaken  kaliyan sasono tuwin upacara ingkang lumampah. Umpaminipun menawi wonten acara adapt jawi para paraga sami ngagem busana kejawen,panatacara lan pamedharsabda prayogi ngagem busana kejawen. Mekaten ugi kagem siang utawi ndalu   gayutanipun kalian warnaning busana  ugi kedah jumbuh.
    Pengageming busana ugi kedah leres lan trep. Umpaminipun menawi pinuju busana kejawen,wiwit pengageming nyamping, beskap ,dhestar, dhuwung, jumbuh kaliyan gagrag  busana ingkang dipun agem  {    surakarto utawi ngayogjokarto }.
    Menawi ngagem busana nasional,inggih ingkang leres. Umpaminipun ngagem jas inggih jangkap kaliyan dasi saha sepatu.



4. WASIS NGOLAH SWASANA

    Maliginipun panatacara, ngolah swasana pinangka satunggaling perkawis ingkang  wigati, cekakipun panatacara kedah saget makaryo kaliyan paraga panyengkuyung sanesipun wiwit saking juru riyasipun,juru pita swara,prawira upacara,paraga  pamedharsabda,pangarsa sinoman,juru photo lan paraga sanesipun  amrih acra saget lumampah kanthi rancak.

I
TULODHO PANATACARA

A.  TULODHO ATURIPUN PANATACARA WONTEN ING ADICARA WIWAHAN DHAUP / IJABING TEMANTEN

1. PURWAKANING ADICARA

أَ لسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

       Sanggya pinisepuh miwah sesepuh ingkang anggung amestuti dumateng pepoyaning kautaman. Para pangemban pangembating praja dalah prawiraning negari ingkang anggung angegulang telenging cipta murih raharjaning bangsa tentreming swasana.   Sumawono  sagung para  tamu ingkang satuhu caket ing manah.
      
       Murwakani atur sumongga kula dhereaken tansah angunjuaken puji syukur  wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring sih karahmatan soho kanugrahan rumentah dhumateng panjenengan sedoyo lan kula,katitik panjenengan sedoyo lan kula takseh pinarengaken makempal manunggal kanthi tansah winantu ing suka yuwono basuki.

        Ingkang saklajengipun mugi tinebiha ing deduka kepora linuberna ing samudra pangatsami,dene kula kumawani  lumarap atur satemah nggempil kamardikan,nyigeg anggen panjenengan sedoyo wawan pangandika sawetawis,    nun inggih labet awrat mudhi dhawuh ingkang amengku gati, panjenengaipun Bp..........sekaliyan garwa,kinen ndereaken adicara dhaupipun Rr........dhaup kaliyan Bagus..........atmaja kakungipun Bp............ingkang lenggah dedalem ing...............

       Namung sakderengipun, anglenggana bilih kula among jejering titah sawantah ingkang tebih saking kasampurnan,pramila tan jangkeping atur punapa dene trapsila ingkang nerak paugeraning tatakrama kula tansah cumadhong rumentahing sih samudra pangatsami.
      
       Sanggya para rawuh ingkang tansah sinongsongan ing mekaring songsong  agung  karahayon. Wondene reronceneng adicara ingkang sampun katata   saha karakit badhe anggrenggani wiwahan wanci punika,nenggih kadi ingkang badhe katur mekaten :

-   Adicara urut sepisan nenggih pembuka
-   Adicara urut kaleh nenggih tumelenging pustaka sici Al-quran
-   Pasrah miwah pinampining calon temanten rinenggo ing adicara urut       tiga
-   Pratawa gati  ijabeng temanten nut satataning agami islam rinakit ing       adicara urut sekawan
-   Adicara urut gangsal nenggih wedharing pambagyaharjo
-   Adicara urut enem nenggih hastungkara
-   Wondene acara urut pitu nenggih acara panutup

      Sagung adilenggah ingkang satuhu kinurmatan, mekaten rantamaning adicara ingkang badhe angrenggani wiwahan dhauping temanten ing wekdal meniko.Kanthi tansah anyadhong pangayoman saking ngarsa dalem Allah SWT ingkang maha kuwoso, adicara tumuli badhe kula adani, Katur sagung para rawuh sumangga kula dereaken sekeca lenggah kanthi suka maedikaning penggalih.

2. PAMBUKA

      Sagung para rawuh  ingkang satuhu minilya ing budi. Adicara urut sepisan nenggih pembuka. Murih rahayuning sedya purwa,madya,wasana, katur sagung para tamu ingkang angrasuk agami islam sumonggo kula dhereaken murwakani adicara kanthi ngagungaken asma dalem Allah lumantar waosan Basmalah.
      Tumrap para tamu ingkang angrasuk agami saha kapiyatan sanes kula sumanggaaken sowang-sowang.
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Mugi Allah SWT tansah angayomi miwah anyartani lampahing pahargyan ing wekdal menika.

3. TUMELENGING PUSTAKA SUCI AL-QURAN

      Sagung para tamu ingkang tansah rumaket ing kekadangan. Adicara urut kalih nenggih tumelenging pustaka suci Al-quran. Kinarya amangun tentreming swasana, kanthi dhatan angirangi atur pakurmatan dhumateng sgung para tamu,mugi kepareng nyigeg anggenipun wawan pangandikan sawetawis. Katur paraga ingkang sampun piniji nenggih Bp..........Sumangga kula dhereaken.

Tumelenging Al-quran  – paripurna

      Kanthi waosan pustaka suci Al-quran mugi Allah SWT paring Rahmat ing wiwahan wanci menika.





4. PASRAH MIWAH PANAMPINING CALON TEMANTEN

      Angancik adicara saklajengipun nenggih pasrah panampining calon temanten. Pasrahing calon temanten kakung badhe kasarira panjenenganipun Bp........katur dhumateng Bp.........Sumangga.

Pasrah - Paripurna

      Wijang gamblang cetho  terwoco pasrahing calon temanten kakung,Saklajengipun  tumuli badhe katampi deneng panjenenganipun Bp...........ingkang jumeneng kinaryo sulih  sarira ingkang amengku gati. Katur panjenenganipun sembadaning sedya kasumanggaaken.

Panampi - Paripurna

Widodo,rahayu,yuwana pasrah miwah panampining calon temanten.

5. IJABING CALON TEMANTEN

        Sagung para lenggah ingkang satuhu pantes anampi atur pakurmatan,sampun dumugi ing wahyaning mangsakala  tumapaking prastawa  gati ijabing calon temanten.    Katur Bapa pangarsa KUA kecamatan.........nenggih panjenenganipun Bp..........sembadaning gati kasumanggaaken.

Ijabing temanten - Paripurna

         Nir baya  Nir wikara ijabing calon temanten sarimbit, mugi Allah ingkang maha agung tansah ambabar saha anggelar kanugrahan rumentan temanten sarimbit, satemah anggenya amangun berayan dumadi kinarya  kaluwarga ingkang sakinah linambaran mawaddah warahmah.

6. PAMBAGYAHARJO

       Sagung para rawuh ingkang tansah sunuba sinugata ing akrami. Adicara urut gangsal nenggih wedharing pambagyaharjo. Sakestunipun panjenganipun Bp..........Badhe lumarap atur pribadi,paradene kabeta saking bombong biwaraning manah anampi rawuhipun sagung para tamu, satemah dhatan saget kawijil ing lisan. Piniji kinarya sulih sarira panjenenganipun Bp..........nenggih Bp...........Katur  panjenenganipun sumangga kula dhereaken manjing ing sasana sabdha.

Pambagyaharja - Paripurna

       Mekaten wedharing pambagyaharja saking kaluwarga ingkang amengku gati ingkang sampun kasarira panjenenganipun Bp..........



7. SABDHA TAMA / WURSITAWARA

      Sagung para tamu ingkang tansah kinaroban ing robbing  samudra yuwana basuki. Adicara saklajengipun nenggih wedharing sabdhatama ing pajangka kelawan panjangkah saget kinarya bebekalaning bebrayan. Kepareng badhe paring sabdhatama dhumateng temanten sarimbit nenggih Bp.............Dhumateng panjenenganipun  sumangga.

Sabdhatama - Paripurna

Mekaten babaring sabdhatama, mugi saget andayakikabahagyan   saha katentreman anggenya bebrayan  sri temanten sarimbit.

8.   PANUTUP

         Sagung para rawuh ingkang tansah winantu ing kabahagyan miwah kamulyan,inggih awit anampi sih kamugrahan saking ngersa dalem Allah ingkang Maha Kuwasa lumantar pandonga miwah pamuji panjengan sedaya,lampahing adcara wiwahan purwa madya  wasana  sampun paripurna  ingkang punika adicara badhe kula tutup. Ananging sakderengipun angambali atur,ingkang amengku gati  ngaturaken  panuwun  ingkang tanpa pepindhan awit saking rawuhipun sagung para tamu sinartan cumadhong tetesing sih samudra pangaksami tumrab sedoyo kekirangan anggenipun anampi miwah angacarani.
Mekaten ugi kula ingkang piniji pinangka panatacara,tan jangkeping atur kiwah trapsila ingkan tan bangkit amangun sukarenaning wardaya kula tansah cumadhong tetesing sih pangaksami.
Wasana sumangga kula dhereaken amungkasi wiwahan ing wekdal punika kanthi angagungaken asma dalem Allah SWT lumantar wahosan Tahmid.
اَلْحَمْدُ لِِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

B. TULADHA ATURIPUN PANATACARA WONTEN ING                   ADICARA PENGAOSAN

1.  PURWAKANING ADICARA

اَلسَّلاَمُ  عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Donga kinarya pambuka

        Sagung pinisepuh  miwah  sesepuh ingkang satuhu kinurmatan.  Para pangenban pangembating praja miwah prawiraning nagari ingkang satuhu pantes tinulad sinudarsana. Para 'Alim  ulama, langkung-langkung dhumateng panjenenganipun Bp Kyai...............Ingkang tinengga-tengga reh piwucaling agami,sumawana sagung para jama'ah ingkang stuhu cake ting manah.
       Dhatan wonten atur ingkang linangkung pantes lan utami ing wekdal punika,kejawi panjenengan sedaya lan kula tansah angunjuaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang ing wwekdal punika taksih kepareng ambabar kanugrahan dalasan karahmatan warata waradin rumentah sagung tumitah maratani sedaya ingkang dumadi,katitik panjenengan sedaya lan kula taksih pinarengaken makempal manunggal kanthi tansah winantu ing kawilujengan saha kabagas warasan.

       Kejawi saking menika, karahmatan saha kawilujengan mugi tansah katetepaken dhumateng jalma panilih sekaring bawana nenggih Nabi agung Muhammad SAW ,Para sahabat miwah sedaya titah ingkang tansah setya tuhu pasrah lan sumarah  ing pitedahing agami suci islam.
   
       Saklajengipun,,,,,kanthi tansah cumadhong lumunturing sih samudra pangaksami,mugi kepareng kula lumarap atur,labet awrat nyendikani gati kadang panawung kridha,saperlu ndereaken lampahing adicara pengaosan amengeti hari agung Islam nenggih...............
       Sagung jama'ah pengaosan ingkang satuhu cake ting manah miwh manunggal ing iman saha kapiyatan,wondene urut reroncening adicara ingkang sampun katata saha rinakit badhe angrenggeni adicara pengaosan ing wekdal punika nenggih kadi  ingkang badhe kathur mekaten :

-    Adicara urut sepisan nenggih pambuka
    -    Kalajengaken adicara urut kaleh nenggih tumelenging pustaka         suci Al-quran
-    Wedharing pangandikan saking pangarsa panawung krida rinengga           ing adicara urut tiga
-    Tumapaking prastawa gati pengaosan rinakit ing adicara urut sekawan
-    Wondene adicara ingkang rinakit ing urut gangsal nenggig panutup


       Sagung para rawuh ingkang tansah sinongsongan ing mekaring songsong agung karahayon,mekaten urut reroncening adicara ingkang sampun katata saha karakit badhe angrenggani adicara pengaosan ing wekdal punika. Saklajengipun kanthi tansah cumadhong pengayoman saking ngarsa dalem Allah SWT adicara tumuli badhe kula adani.  Katur sagung para jama'ah sumangga kula dhereaken sekeca lenggah kanthi sukarenaning panggalih ngantos paripurnaning adicara pengaosan.

2. PAMBUKA

       Sagung jama'ah ingkang dahat kinurmatan, langkung-langkung dumatheng panjenenganipun para sesepuh dalasan pinisepuh ingkang mahambek ing reh budi darma. Adicara urut sepisan nenggih pambuka . Murih sembada ing agti lekas wekasing sedya tansah sinartanan pitedah,hikamh lan barokah saking ngarsa dalem Allah ingkang maha mirah, sumangga kula dhereaken murwakani adicara ing wekdal punika kanthi angagungaken Asma Dalem Allah SWT lumantar waosan BASMALAH.

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Pambuka - Paripurna

       Mekaten adicara pambuka,mugi Allah SWT tansah anyartani miwah angayomi adicara pengaosan ing wekdal punika,satemah rahayu purwa madya wasana.

3. TUMELENGING PUSTAKA SUCI AL-QURAN

       Reroncening adicara urut kalih nun inggih tumelenging pustaka suci Al-quran. Kinarya amangun tentreming swasana,katur para jama'ah mugi kepareng nyigeg pangandikan sawetawis. Dumatheng paraga ingkang sampun piniji nenggih kadhang............sumangga kula dhereaken.

Waosan Al-quran - Paripurna

       Mekaten babaring waosan pustaka suci Al-quran , mugi saget andayani wimbuhing iman saha kapiyatan panjenengan sedaya lan kula dhumateng Allah SWT.

4. WEDHARING PANGANDIKAN PANGARSA PANAWUNG KRIDHA / PANGARSA PANITYA

       Titilaksana adicara saklajengipun nun inggih wedharing pangandikan saking pangarsa panawung kridha. Ingkang punika katur kadhang kinasih..............babaring sedta kasumanggaaken.

Wedharing pangandikan - Paripurna

        Mekaten babaring pangandikan saking pangarsa panawung kridha ingkang sampun sanarira panjenenganipun kadhang kinasih...........

5. PRASTAWA GATI PENGAOSAN

       Titi wahyaning gati saklajengipun nun inggih wedharing pengaosan amengeti............Katur sagung para jama'ah sumangga kula dhereaken sekeca lenggah kanthi suka mardikaning penggalih dumugi paripurnaning adicara. Dhumateng Bp Kyai...........mugi kepareng manjing ing sasana sabdha.

Pengaosan - Paripurna

        Widada rahayu yuwana babaring pengaosan saking panjenenganipun  Bp.Kyai..........Mugi saget kinarya pepenget lan pepeling saha pandoming gesang  panjenengan sedaya lan kula anggenipun netepi dharmaning gesang dedepe lan ngumawula  wonten ngersa dalem Allah SWT.



6. PANUTUP

        Sagung jama'ah ingkang tansah caket rumaket menunggal nyawiji ing tangsuling kekadhangan.  Inggih awit sih karahmatan miwah kanugrahan saking Ngarsa Dalem Allah SWT,  lampahing adicara wiwit purna madya wasana sampun kaleksanan kanthi widodo rahayu wilujeng nir  ing rubeda kali sing sambikala. Ingkang saklajengipun adicara tumuli badhe kula pungkasi.  Namung sakderengipun, kula ingkang sinampiran ing wajib piniji pinangka pantacara, anglenggana bilih kula naming jejering titah sawantah ingkang dhatan saget oncat saking panyacat indho saking raos kuciwa, pramila sinajan pamatul kula tebih sampun rinancang,celakkepara sampun rinakit parandene maksih tan bangkit amangun suka renaming penggalih, kula tansah cumadhong rumentahing sih samudra pangaksami. 
        Ing wasana sumangga kula dhereaken amungkasi adicara pengaosan wekdal punika lumantar waosan tahmied.

َالْحَمْدُ لِلهِ رََبِّ الْعَالَمِيْنَ

وَالسَّلاَمُ  عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ


C. THULADA ATURIPUN PANATACARA WONTEN UPACARA PAMBIDALING LAYON

1. PURWAKANING UPACARA

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اِنَّا لِلَّهِ وَاِنَّا اِلَيْهِ رَاجِعُوْنَ

        Saestunipun panjenengan sedaya lan kula kagunganipun Allah ingkang maha kwasa,  ingkang tinamtu badhe kapundut sowan wonten Ngarsa Dalem Allah SWT.

        Nuwun,  Sagung para sesepuh dalah pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating praja miwah prawiraning nagari ingkang pantes sinudarsana. Sumawana para asung bela sungkawa   ingkang dhahat kinurmatan.

        Murwakani atur sinajan ing wekdal punika panjenengan sedaya lan kula wonten ing saklebeting swasana dhuhkita,  sumangga kula dhereaken angunjuaken puja puji syukur wonten Ngarsa Dalem Allah ingkang Maha Kuwasa  karana karahmatan dalah kanikmatan ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya lan kula, kacetha ing wekdal punika  panjenengan lan kula taksih pinarengaken kempal manunggal kanthi tansah winantu ing karaharjan.
  
        Ingkang saklajengipun, mugi linepatna ing deduka, linuberna ing pangaksami, dene ing wekdal punika kula kumawani lumarap atur satemah ngempil kamardikan sawetawis , inggih awit minangkani pamundhutipun kaluwarga ingkang nandang dhuhkita, kinen andhereaken lampahing upacara pangruktining layon ingkang pungkasan ing wekdal punika.

        Sagung para asung bela sungkawa ingkang dhahat kinurmatan, Saestu smpun surut ing kasedan jati, tinimbalan siwan wonten Ngarsa Dalem Allah SWT, panjenenganipun Bp / Ibu............rikala dinten..........tabuh...........katiti surya kaping............wonten ing............lantaran............Awit saking keparengipun kaluwarga ingkang nandang dhuhkita,pangruktining layon ingkang pungkasan linampahan nut satataning agami islam jumbuh kaliyan agami ingkang rinasuk almarhum/ah Bp /Ibu................Wondene ing wanci punika sampun dumugi wahyaning mangsakala,  badhe tumapak pangruktining layon ingkang pungkasan, ingkang saking keparengipun kulawarga rinengga upacara sawetawis, kanti urutaning acara   kadi ibadhe katur mekaten :

~  Acara ingkang urut sepisan nenggig pambuka
~  Acara urut kaleh nenggih tumelenging pustaka Suci Al-quran
~  Wedhaing pambagyahaja miwah atur panuwun saking kaluwarga               ingkang nandang dhuhkita rinakit ing acara urut tiga
~  Wedhring sabda saking wakil para asung bela sungkawa tinata ing             acara urut sekawan
~  Kalajengaken acara urut gangsal nenggih hastungkara
~  Wondene  acara tlusuban / sumurup rinakit ing acara urut enem
~  Acara ingkang urut pitu nenggih panutup kalajengaken pambidhaling        layon

        Sagung para asung bela sungkawa ingkang dahat kinurmatan, mekaten racikaning acara ingkang badhe kalampah.  Karana samudayanipun sampun samekta, upacara tumuli badhe kula adani. Dhumateng sagung para asung bela sungkawa sumangga kula dhereaken sekeca lenggah kanthu mardikaning penggalih.

2. PAMBUKA

        Sagung para asung bela sungkawa ingkang satuhu kinurmatan, upacara urut sepisan nenggih pambuka murih lekas wekasing gati tansah wilujeng kali sing sambekala sumangga kula dhereaken muewakani acara kanthi ngagungaken asma Dalem Allah SWT lumantar   wahosan Basmalah.
Wondene ambokbilih saking sagung para asung bela sungkawa wonten ingkang angrasuk agami sanes , kasumanggaaken miturut agami saha kapitadosan sowang-sowang.

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

        Kanthi ngagungaken Asma Dalem Allah SWT,mugi lampahing upacara pinanggih rahayu purwa madya wasana.




3.  NGADANI KUMANDHANGING PUSTAKA SUCI AL-QURAN

        Para asung bela sungkawa ingkang dahat minulya ing budi.   Dhungkap acara urut kaleh nenggih tumelenging pustaka suci Al-quran. Ingkang badhe pinaragan dening kadang kinasih...............Kinarya anentremaken swasana, mugi wonten keparengipun para asung bela sungkawa nyigeg pangandikan sawetawis.  Dhumateng kadhang ingkang piniji sumangga kula dhereaken.

Waosan Al-quran – Paripurna

        Mekaten babaring tumelenging pustaka suci Al-quran,  ing panjangka mugi saget kinarya sarana wimbuhing iman saha kapiyatan panjenengan sedaya lan kula.

4. PAMBAGYAHARJA SAHA ATUR PANUWUN SAKING KALUWARGA

        Sagung para rawuh ingkang tansah winengku ing karahayon.    Urutaning acara urut tiga nenggih wedharing pambagyaharja saha atur panuwun saking kaluwarga ingkang nandang dhuhkita. Sinajan ribet tuwin bebeg ing penggalih, kaluwarga almahum /ah Bp / Ibu...............dhatan saged ginambaraken, parandene saking keparengipun badhe lumarap atur wonten ngarsa panjenengan sedaya, ingkang samangkeh badhe kasarira panjenenganipun Bp.................Katur Bp..........  sasana miwah swasana kula aturaken.

Wedharing pangandika – Paripurna

        Mekaten sagung para rawuh, babaring pangndika saking kaluwarga ingkang nandang dhuhkita.

5. NGADANI WEDHARING PANGANDIKAN SAKING WAKIL PARA ASUNG BELA SUNGKAWA

        Sagung para asung bela sungkawa ingkang tansah sinuba sinugata ing akrami.

Titilaksana urut sekawan, nenggih wijiling pangandikan saking para asung bela sungkawa,ingkang ing samangkih badhe kasarira panjenenganipun Bp........Katur Bp..........sumangga kula dhreakenmanjing ing sasana sabda.

Wedharing pangandikan – Paripurna

        Mekaten babaring pangandikan saking panjenenganipun Bp..............  Mugi andadosaken panglipur tumrap kaluwarga saha anambahi kekiyatan lahir batin satemah saget nindhakaken dharmaning agesang kados ing wingi uni.




6. NGADANI HASTUNGKARA / DONGA

        Sagung para asung bela sungkawa ingkang stuhu cake ting manah, ing mangkeh, almarhum/ah Bp/Ibu.........badhe nilar panjenengan sedaya lan kula saklamini-laminipun. Ingkang punika awit saking pamundhutipun kaluwarga, panjenengan sedaya kasuwum pandonga pamujinipun kinarya angentheng-ngenthengaken sowanipun almarhum/ah .............wonten Ngarsa Dalem Allah SWT. Ing samangkeh badhe dipun pangarsani panjenenganipun Bp..............Pramila katur panjenenganipun Bp............kasumanggakaken.

Hastungkara – Paripurna

        Mekaten babaring hastungkara, mugi tinampi wonten Ngarsa Dalem Allah SWT, satemah sowanipun almarhum/ah wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kapapanaken wonten ing papan mulya linangkung mulya.

7. NGADANI UPACARA TLUSUBAN

        Titilaksana acara saklajengipun,nenggih upacara tlusuban. Ingkang punika dhumateng kaluwarga sumangga kula dherekaken samekta ing papan ingkang sampun pinanci. Dhumateng para kadang wira anim sumangga kula dherekaken sabiyantu kanthi ngangkat pethining layon.

Tlusuban – Paripurna

        Sagung para asung bela sungkawa ingkang dhahat kinurmatan, awit saking nugrahaning Allah ingkang Maha Kuwasa,lampahing upacara tlusuban wilujeng nir ing rubeda nir ing sambekala.

8. NGADANI PAMBIDHALING   LAYON KALAJENGAKEN PANUTUP

        Para sesepuh pinisepuh, para manggalaning praja miwah para asung bela sungkawa ingkang dhahat kinurmatan. Dhungkap titilaksana acara saklajengipun nenggih pambidhaleng layon tumuju ing astana laya. Namung sakderengipun, kula ingkang piniji amtratitiswaken lampahing upacara, nglenggana kathah kekirangan saha kalepatan ingkang dhatan mranani ing penggalih, mugi wonten keparengipun   kula cumadhong lumunturing sih samudra pangaksami.  Dhumateng para kadhang mudha sumangga sabiyantu kanthi nyepetaken pethining jenezah. Ing wasana katur panjenenganipun Bp...........kasuwun amtratitisaken pambidaling layon ngantos purna pametaking layon ing astaha laya..............
        Pungkasaning atur, sumangga upacara ing wekdal punika dipuntutup kanthi maos tahmid sesarengan.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
TULADHA MEDHARSABDHA

A. TULADHA PASRAH MIWAH PANAMPI TEMANTEN

1. TULADHA PASRAH TEMANTEN

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

        Sanggya pinisepuh miwah sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating praja dalah prawiraning nagari ingkang satuhu pantes tinulad sinudarsana, sumawana sagung para tamu ingkang pantes anampi atur pakurmatan.

        Kapurwakan kanthi tansah angunjukaken puji syukur wonten Ngarsa Dalem Allah SWT,  miwah cumadhong lumunturing sih samudra pangaksami tumrap tan jangkeping subasita punapadene kasusilan, mugi kalilanana kula ingkang kapiji dening panjenenganipun Bp...............mathur   dhumateng  panjenenganipun Bp...........Ingkang sepisan Bp...........sekaliyan garwa ngaturaken   salam ta'lim   katur  panjenenganipun Bp..........sekaliyan garwa kairing pamuji rahayu mugi Allah SWT tansah ambabar nugraha karahayon rumentah panjenenganipun  Bp..........sekaliyan garwa waradin  sedaya keluwarga.

        Ingkang angka kalih, magayudan kaliyan manunggaling sedya ingkang sami mangun bebesanan,nenggih Bp..............sekaliya garwa kaliyan Bp..............sekaliyan garwa  lumantar palakranipun  Rr.................  Kaliyan Bgs...........,Kala wekdal ingkang kepengker, Panjenenganipun Bp...........Ngutus paraga piniji supados masrahaken calon temanten kakung kanthi panyuwun dipun ijabaken kaliyan calon temanten putri nut satataning agami islam, Saestu   kula sakadang anyekseni  bilih calon temanten  sampun dipun ijabaken nut satataning agami islam  kepara sampun kapahargya nut satataning adat ingkang lumampah,   Tumrap sedaya wau panjenenganipun Bp...........sekaliyan garwa namung saget ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindan rinenggo pamuji mugi Allah  paring lelintu ingkang satraju. Ingkang saklajengipun sowan kula kautus panjenenganipun Bp...........supados amsrahaken temanten kakung supados karengkuh   saha kagulawentah  kadi putra pribadi.

        Saklajengipun, sakparipurnaning pahargyan wekdal punika kula sakadang kepareng badhe nyuwun pamit, tumrap tan jangkeping atur miwah trapsila  ingkang nerak  paugeraning tatakrami, kula sakadang nyuwun agunging pangaksami.

        Semanten ugi kula ingkang kapiji matur, tumrap keladuking patrap miwah pangucap, kula nyuwun agunging pangapunten.

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاُتُهُ




TULADHA PANAMPI TEMANTEN

َالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاُتُهُ

        Para pinisepuh  miwah sesepuh ingkang satuhu kinabekten.  Para pangemban pangenbating praja miwah prawiraning negari  ingkang satuhu pantes tinulad tinuladha ing bebrayan agung, sumawono sagung para tamu ingkang satuhu cake ting manah.

        Langkung rumiyen sumangga kula dherekaken tansah angunjukaken puji syukur wonten Ngarsa Dalem Allah SWT, ingkang sampun paring karahmatan rumentah dhumateng panjenengan sedaya lan kula katitik panjenengan sedaya lan kula maksih kepareng makempal menunggal kanthi tansah winantu ing kawilujengan.

        Ingkang saklajengipun, mugi kalilanana kula ingkang piniji kinarya sulih sarira panjenenganipun Bp...............Ananggapi wedharing pangandika saking Bp............ingkang jumeneng kinarya sulih sarira panjenenganipun Bp............
      
        Ingkang sepisan, paringipun salam ta'lim saking panjenenganipun Bp............sekaliyan garwa sampun kula tampi  kanthi suka bingahing manah. Semanten ugi salam ta'lim saking panjenenganipun Bp..........sekaliyan garwa mugi kaaturakendhumateng panjenenganipun Bp............sekaliyan garwa,rinenggo pamuji mugi Allah SWt tansah angayomi Bp...........sakulawarga.

        Ingkang angka kalih, pasrah panjenengan tamenten kakung, kanthi pamundhut supados ginulawentah kadi putra pribadi sampun kula tampi tangan kekalih, ing mangkeh temanten kakung badhe rinengkuh kadi putra pribadi.

        Magayudan kaliyan rawuh panjenengan sakadang ing ripahargyan punika, saestu mboten wonten lepat kuciwanipun.  Kepara panjenenganipun Bp............rumaos bombong ing penggalih prasasat anampi kanugrahan ingkang  jembar tanpa winates   tebih tanpa wekasan, sinartan panglenggana bilih panjenenganipun among manungsa limrah ingkang winates ing samukawis, ingkang punika tumrap kekirangan anggenipun anampi saha angacarani rawuh panjenengan ingkang amengku gati nyuwun agunging pangaksami.

        Kejawi saking punika ambok bilih sakparipurnaning pahargyan punika panjenengan sakadang ngersakaken kondur, panjenenganipun Bp............namung saget ndherekaken sugeng kondur mugi pinanggih wilujeng dumugi ndalem sowang-sowang.

        Mekaten ingkang saget kula aturaken, tumrap kithal kuciwaning atur kula nyuwun agunging pangapunten.

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاُتُهُ




B. TULADHA TANGGAP SABDHA PANGARSA PANAWUNG KRIDHA PENGAOSAN

َالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاُتُهُ

  Donga kinarya pambuka.

        Para sesepuh miwah pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating praja miwah satriyaning negari ingkang satuhu pantes sinudarsana.

        Para 'Alim 'Ulama,,,,langkung-langkung dhumateng panjenenganipun Bp Kyai............Ingkang tansah tinengga ing reh piwucaling agami. Sumawono sagung  jam'ah ingkang tansah manunggal nyawiji  ing tangsuling kekadhangan.

        Murwakani  atur sumangga kula dherekaken tansah angunjukaken puji syukur  wonten Ngarsa Dalem Allah SWT     ingkang sampun kepareng ambabar nugraha kawilujengan  rumentah panjenengan sedaya lan kula   katitik ing wekdal punika panjenengansedaya lan kula  maksih pinarengaken makempal manunggal nyajuga nyawiji kanthi tansah winantu ing suka yuwana basuki.

        Saklajengipun, kanthi tansah cumadhong agunging pangaksami tumrap lepat kuciwaning atur, mugi wonten keparengipun kula medharaken sedya pinangka pangarsa panawung kridha.


        Ingkang sepisan kula ngaturaken pambagya kawilujengan rawuhipun dhumateng sagung para jama'ah  pengaosan   rinengga pamuji pangesthi mugi Allah SWT tansah anuntun saha paring pitedah dhumateng panjenengan sedya lan kula anggayuh kamulyaning gesang donya dumugining akhirat.

        Ingkang angka kalih  kadi ingkang sinerat ing sarining kintakawara ingkang katur dhumateng sagung Jama'ah punapadene kabiwarakaken ing  papan-papan pangibadahan,bilih ing wekdal punika para kadang panawung kridha manunggal ing sedya  amengeti prastawa  agung islam nenggih...........Kanthi  adicara pengaosan,ingkang ing samangkeh kepareng badhe medhar sabdha nenggih panjenenganipun Bp Kyai...........  Pramila wosing gati wigatining sedya sagung jama'ah kaaturaken rawuh tan sanes  supados sesarengan ndudah nduduk  mekar ngrembakaaken reh piwucaling agami     islam lumantar pengaosan   ingkang badhe kababar ing   wekadal nalu punika.   Katur Bp Kyai  ...............ambok  bilih sampun dhumugi titi wahyaning gati samangkeh mugi kepareng manjeng ing sasana sabdha sakperlu paring pengaosan.

        Saklajengipun,   adicara  pengaosan ing wekdal punika saget kalaksanan     inggih dhatan lepat saking pambudidaya     para panawung kridha ingkang tansah  sakyek saeka  karti magut  mbudidaya murih sembadaning gati  sinartan panyengkuyung para pinisepuh  dalasan sesepuh dalasan warga agung ing................inggih ingkang arupi bandha, bea, penggalihan lan sakpanunggalanipun  ingkang sedaya   wau saget andayani rancaking pengaosan  ing wekdal ndalu punika.  Tumrap sedaya sih pambiyantu   kasebat   kula aturaken agunging panuwun  kairing pamuji mugi Allah SWT paring lelintu  ingkang sakmurwat.

        Kelawi saking punika, anglenggana bilih kula sakadang among jejering jalma limrah titah sawantah ingkang sarwa sarwi winates ing samudayanipun, pramila sinajan  adicara ing wekdal punika tebih sampun rinancang celak kepara  sampun rinakit paradene anggenipun anampi saha angacarani  rawuh panjenengan sedaya  maksih rinaos kathah lept kuciwanipun,  kula sakadang nyuwun agunging pangaksami.

        Mekaten ingkang saget kula aturaken, tan jangkeping atur   miwah trapsila kula nyuwun agunging  pangapunten,  Minangka panutuping atur.

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاُتُهُ

C.   PAMBAGYAHARJA WONTEN ING ADICARA WIWAHAN DHAUPING TEMANTEN

َالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاُتُهُ

        Sanggya pinisepuh myang sesepuh ingkang satuhu kinabekten.   Para  pangemban pangembating praja miwah prawiraning negari ingkang satuhu pantes sinudarsana.   Sumawana sagung para tamu  ingkang   dhahat kinurmatan.

        Kapurwakan kanthi tansah angunjukaken puji syukur wonten Ngarsa Dalem Allah  SWT , mugi kalilanana  kula matur dhumateng  panjenenganipun sagung para tamu, kinarya sulih sarira ingkang amengku gati, nenggih panjenenganipunBp..............

         Ingkang sepisan panjenenganipun Bp............sekaliyan ibu angaturaken pambagya  kawilujengan katur sagung para tamu,rinengga pamuji  mugi Allah SWT  tansah angayomi  saha anyartani lampah panjenengan sedaya lan kula waradin sagung dumadi.

         Ingkang angka kalih     jumbuh kalian  sarining kintakawara, bilih panjenenganipun Bp.............dalasan ibi  kepareng nindakaken dharmaning asepuh angrakit  sekar  cempka mulya,  amiwaha  suta  mahargya  siwi, andhaupaken  putra putrinipun nenggih   Rr...........dhaup  kaliyan  Bgs..................atmaja kakungipun Bp.........ingkang lenggah dedalem ing............

        Awit  saking lumunturing sih  karahmatan saha kanugrahan saking Ngarsa Dalem Allah  SWT, upacara ijabing temanten   sampun kalaksanan kanthi widodo rahayu wilujeng nir ing rubeda rikala ari...........  katiti surya kaping...........warsa...........mapan ing............Pramila sagung para tamu kaaturaken rawuh ing ripahargyan  punika,  wigati kasuwun tambahing pamuji ing panjangka kelawan panjangkah mugi sri temanten sarimbit anggenya lelumban ing madyaning bebrayan agung tansah anyenyandang widadaning palakrami, dunadi kinarya kulawarga ingkang sakinah linambaran mawaddah warahmah.

         Kajawi saking punika , adicara pahargyan ing wanci punika saget kalampah dhatan lepat saking sih pambiyantuning para sanak kadang mitra pitepangan miwah sih kadharman saking sagung para tamu inggih ingkang arupi bandha, bea, punapadene penggalihan ingkang sedaya wau saget andayani adicara ing wekadal punika kalampah kanthi rancak, kanthi punika ingkang amengku gati naming saget angaturaken panuwun ingkang matumpa-tumpa rinengga pamuji mugi sih kadarman panjenengan pinaringan lelintu ingkang satraju.

         Saklajengipun anglenggana bilih panjenenganipun Bp..............miwah ibu...............namung jejering titah sawantah ingkang tebih saking kasampurnan,  Pramila sinajan pahargyan ing wanci punika tebih sampun rinancang, celak kepara sampun rinakit paradene maksih tan bangkit amangun suka renaming wardaya, ingkang punika panjenenganipun Bp.............sekaliyan garwa tansah cumadhong agunging pangaksama.

        Ing wasana, katur sagung para tamu mugi kepareng sekeca lenggah kanthi suka merdikaning penggalih, saha kasdhu angrahapi pasugatan ingkang sampun kacawisaken.

        Kinarya amungkasi, tan jankeping atur miwah trapsila ingkang nerak paugeraning tata krami, kula tansah cumadhong rumentahing sih samudra pangaksami.

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاُتُهُ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar